Posts

Matius 1

1:1 Iki sarasilahé Gusti Yésus Kristus. Gusti Yésus kuwi tedhak-turuné Prabu Dawud. Prabu Dawud tedhak-turuné Bapak Abraham. 1:2 Bapak Abraham peputra Iskak. Iskak peputra Yakub. Yakub peputra Yéhuda sasedulur. 1:3 Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah, patutan saka Tamar; Pèrès peputra Hèzron. Hèzron peputra Ram. 1:4 Ram peputra Aminadab. Aminadab peputra Nahason. Nahason peputra Salmon. 1:5 Salmon peputra Boas, patutan saka Rahab. Boas peputra Obèd, patutan saka Rut. Obèd peputra Isai. 1:6 Isai peputra Dawud. Dawud peputra Suléman, patutan saka tilas bojoné Uria. 1:7 Suléman peputra Réhabéam. Réhabéam peputra Abia. Abia peputra Asa. 1:8 Asa peputra Yosafat. Yosafat peputra Yoram. Yoram peputra Uzia. 1:9 Uzia peputra Yotam. Yotam peputra Akhas. Akhas peputra Hizkia. 1:10 Hizkia peputra Manasyè. Manasyè peputra Amon. Amon peputra Yosia. 1:11 Yosia peputra Yékhonya sasedulur. Nalika semono bangsa Israèl ana ing pembuwangan ing tanah Babil. 1:12 Ana ing tanah Babil kono Yékhonya peputra Séaltiè

Matius 2

2:1 Kutha panggonané Gusti Yésus miyos mau arané Bètléhèm, dunungé ing tanah Yudéa. Nalika semono sing jumeneng raja ing tanah Yudéa Sang Prabu Hérodès. Ing kono ana ahli palintangan sawetara saka tanah Wétan padha teka ing kutha Yérusalèm. 2:2 Banjur padha takon: "Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos menika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing sisih Wétan; lan enggèn kula dhateng mriki menika sami badhé saos bekti dhateng Panjenenganipun." 2:3 Bareng krungu sing mengkono mau Sang Prabu Hérodès kagèt banget. Semono uga wong sakutha Yérusalèm iya padha kagèt. 2:4 Sang Prabu banjur utusan ngumpulaké para pengareping imam lan para ahli Torèt, banjur padha didangu: "Sang Kristus kuwi bakal miyos ana ing endi?" 2:5 Wangsulané sing padha didangu: "Wonten ing kitha Bètléhèm, ing tanah Yudéa. Kados ingkang sampun kaserat déning nabi, mekaten: 2:6 'Kowé kutha Bètléhèm, ing tanah Yéhuda, *tanah Yéhuda: Samenika kawastanan tan

Matius 3

3:1 Ing nalika semana Nabi Yohanes Pembaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudéa, lan memulang ana ing kono. 3:2 Pangandikané: "Padha mratobata saka dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Gusti Allah kersa ngedegaké Kratoné!" 3:3 Nabi Yohanes kuwi pancèn wong sing wis diweca rawuhé déning Nabi Yésaya mengkéné: "Ana wong nguwuh-uwuh ing ara-ara samun, 'Padha nyawisna dalané Pangéran; lencengna lan ratanen dalan sing bakal diambah.' " 3:4 Nabi Yohanes kuwi agemané digawé saka wulu unta. Sabuké saka lulang. Sing didhahar walang lan madu alas. 3:5 Akèh wong sing marani Nabi Yohanes mau, saka kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa lan saka wilayah sakiwa-tengené Kali Yardèn. 3:6 Wong-wong mau padha ngakoni dosa-dosané, banjur padha dibaptis déning Nabi Yohanes ing Kali Yardèn. 3:7 Uga akèh wong Farisi lan wong Saduki sing padha teka marani Nabi Yohanes, nyuwun dibaptis. Nalika Nabi Yohanes pirsa wong-wong mau, banjur ngandika: "Kowé anak ula, sapa sing akon kowé pa

Matius 4

4:1 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur katuntun déning Sang Roh Suci menyang ara-ara samun, supaya digodha déning Iblis. 4:2 Ana ing kono Gusti Yésus siyam patang puluh dina patang puluh bengi. Banjur kraos luwé. 4:3 Iblis nuli teka sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan matur mengkéné: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, mangga séla-séla menika Panjenengan sabdakaken dados roti." 4:4 Gusti Yésus paring wangsulan: "Wis katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi uripé ora mung saka roti waé, nanging saka sakèhing sabda sing didhawuhaké déning Gusti Allah." 4:5 Iblis banjur nggawa Gusti Yésus menyang kutha Yérusalèm lan mapanaké Panjenengané ana ing wuwunging Pedalemané Allah. 4:6 Iblis nuli matur: "Sarèhné Panjenengan menika Putranipun Allah, sumangga kula aturi anjlog; sebab wonten ing Kitab Suci wonten seratan mekaten: 'Pangéran bakal ndhawuhi para malaékaté njaga marang kowé, lan kowé bakal dithadhahi ing tangané supaya aja nganti kena ing watu.' &q

Matius 5

5:1 Bareng Gusti Yésus mirsa wong akèh mau, banjur minggah ing punthuk. Sawisé lenggah, para muridé padha mapan lungguh ngubengi Panjenengané. 5:2 Gusti Yésus tumuli wiwit mulang: 5:3 "Begja wong sing rumangsa ringkih ana ing ngarsané Pangéran; awit wong sing kaya ngono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah. 5:4 Begja wong sing prihatin; awit bakal padha dilipur déning Gusti Allah. 5:5 Begja wong sing andhap-asor, awit bakal padha tampa prasetyané Gusti Allah. 5:6 Begja wong sing kepéngin banget nglakoni kersané Gusti Allah; awit Gusti Allah bakal gawé mareming atiné. 5:7 Begja wong sing seneng melasi wong liya; awit bakal diwelasi déning Gusti Allah. 5:8 Begja wong sing resik atiné; awit bakal wanuh marang Gusti Allah. 5:9 Begja wong sing padha seneng ngrukunaké, awit bakal disebut para putrané Gusti Allah. 5:10 Begja wong sing disiya-siya merga enggoné nglakoni kersané Gusti Allah; awit wong sing mengkono kuwi sing dadi umat ana ing Kratoné Allah. 5:11 Begja kowé menawa diwe

Matius 6

6:1 "Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga. 6:2 Mulané yèn kowé padha dedana, aja kokwartak-wartakaké kaya sing ditindakaké déning wong lamis. Wong lamis lumrahé nindakaké sing mengkono mau ana ing papan-papan pangibadah lan ing dalan-dalan gedhé, pamrihé supaya dialem déning wong. Élinga, wong-wong sing kaya ngono kuwi wis padha olèh piwalesé penggawéné. 6:3 Nanging tumrap kowé, yèn kowé dedana, aja nganti wong liya padha ngerti enggonmu wèwèh, 6:4 supaya aja ana wong siji waé ngerti enggonmu dedana. Ramamu ing swarga pirsa penggawému sing ora diweruhi déning wong; lan Panjenengané bakal paring piwales marang kowé." 6:5 "Yèn kowé ndedonga, aja kaya wong lamis. Wong lamis lumrahé padha ndedonga karo ngadeg ing papan-papan pangibadah lan ana ing pinggir dalan, pamrihé supaya katon ing wong. Élinga, wong sing mengkono mau wis padha nampani opa

Matius 7

7:1 "Aja padha ngadili wong liya, supaya kowé dhéwé iya ora diadili déning Gusti Allah. 7:2 Awit Gusti Allah ngagem wewaton sing kokenggo ngadili wong liya mau kanggo netepaké ala-becikmu. Lan ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé. 7:3 Apa sebabé déné tatal sing ana ing mripaté wong liya, kowé weruh, nanging balok sing ana ing mripatmu dhéwé, kowé ora weruh? 7:4 Kokwani-wanimu ngandhani wong liya: 'Tatal ing mripatmu dakilangané', mangka ing mripatmu dhéwé ana baloké? 7:5 Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok ing mripatmu kuwi ilangana dhisik, banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana mripaté wong liya mau. 7:6 Barang sing suci aja kokuncalaké nyang asu, awit asu mau bakal minger lan nyander kowé. Lan mutiara aja kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara mau mung bakal diidak-idak." 7:7 "Padha nyenyuwuna marang Gusti Allah, temah kowé bakal diparingi. Padha ngg